Friday, July 17, 2009

Kaos Sablon Stop Dreaming Start Action I

" Siji cerito soal Stop Dreaming Start Action "

++ ========================== ++

Lakon : Ireng karo Ajah


Sore2 sek cerah. Ajah lagi thengok2 neng arepan umah karo ngeteh. Seko adoh Ajah delok si Ireng mlaku nyerak tapi le mlaku kethok lesu.

"Ngopo koe reng kok lesu ngono??" takon Ajah pas Ireng ndodok ning pinggire Ajah.

"Acemmm tenan og piye.. Moso mau mlaku2 ng Malioboro kaos sek tak nggo podo karo wong liyo?? Meso nek werno kaose bedo. Lha iki podho, gambare yo podho meneh.." cerito Ireng karo rodo mangkel.

"Wkekekekeke... Urak mung kowe thok brati. Aku lagi kapan kae yo ngono. Ono sek madani." Omong Ajah

"Nganu..kowe kan pengen iso sablon kaos dewe tho ben kaos sek dinggo urak podo karo sek neng toko. Mau aku brosing2 nemu artikel Stop dreaming start action neng blog Just a Blog. Tak woco mpe teliti, mpe urak kedip mripatku.."

"Terus.." ireng takon

"Bener opo sek ditulis neng Just a Blog. Nek dewe due pekarep, ojo mung ngomong thok. Yo diwujudke. Stop dreaming start action ngono lho nek boso wong bule" lanjut Ajah karo mesam mesem

"Halah..gayamu nggo inggrisan barang" Omong Ireng

"Tapi cen ho oh tho.. Moso mung ngimpi thok arep ngganggo kaos gawean dewe tapi urak ndang start action?? Mbok yo stop dreaming thok. Nek ra saki kapan meneh??"

"Neng blog sek tak woco kui mau, yo ono link sek neng blog-e pak Joko Susilo soal apa arti action bagi anda??"

"Nek awak dewe due mimpi, ojo mung mimpi tapi yo butuh action go wujudke mimpi kui"
Ajah nggambleh terus koyo beo. Ireng mung manggut2 thok.

"Jane yo bener opo sek kowe omongke mau. Aku pengen kaos2ku sek tak nggo, gaweanku dewe. Nek mung ngomong thok, kapan le ngganggo kaos gawean dewe yo.." Lanjut Ireng

"Mangkane kui.. Opo meneh kowe le pengen wis sue. Ket taun wingi reng. Mpe saki urak dilakoni wae. Piyeee...kuii.." Ajah ngglendeng soal Ireng sek mung ngomong thok. Urak ge ndang start action gawe kaos dewe.

"Terus piye?? Aku urak ngerti blas piye carane. Aku yo urak due konco sek ngerti soal carane nyablon kaos." Omong ireng

"Jajal takon neng kakangmu mas Centi kae. Sopo ngerti due konco sek ngerti" Omong Ajah

"Hu uh yo..Yo nko tak takon. Nek iyo, nko tak kon ngeterke mrono" Omong Ireng

"Aku tak bali sek yo..Nko tak kabari..tak esemes." Lanjut Ireng

"Sipp..nah..ngono.. stop dreaming start action ngono lho.." Omong Ajah

"Siap masdap.. Pokok e saki stop dreaming start action gawe kaos dewe. Ben urak ono sek podo meneh."


Wakwkakakkakakakak... Do ngguyu bareng2.



++++++++++++++++++++++++++++++++++++

Bersambung..

No comments:

Post a Comment