Tuesday, July 21, 2009

Kaos Sablon Stop Dreaming Start Action II

" Siji cerito soal Stop Dreaming Start Action "

++ ===================================== ++


Lakon : Ireng, Ajah, mas Centi, Mas O'o

** Lanjutan cerito Kaos Sablon Stop Dreaming Start Action I. Sek durung moco, iki bagian sek no siji **



+++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++


"Mas, kowe due kenalan sek iso sablon kaos urak?? Aku arep ajar2 sablon" Takon ireng ng mas Centi

"Due, lha piye??" Jawab mas Centi

"Mbok aku dikenalke. Aku arep ajar sablon. Gawe kaos dewe ben urak podho karo sek didol neng toko2 po mol" Omong Ireng

"Nek ngono sesok ae jam 9an, sisan aku le ngalor" Omong mas Centi

"Yoo.." Omong ireng

Tet tet tat tit tut tet tot.. Ireng esemes si Ajah ngandani nek arep dikenalke karo wong sek iso sablon. Sesok sisan kon ngancani.


+++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++

"O' kenalke iki adiku, ireng karo iki koncone, Ajah. Arep ajar sablon kaos." Omong mas Centi neng Mas O'o

"Owh..yo.. Pas banget. Aku yo lagi ono pesenan." Omong mas O'o

"Nek ngono tak tinggal yo.. Kowe takon2 ae langsung karo mas O'o" Omong mas Centi neng ireng

"Iyo mas.." Omong ireng

Neng umah e mas O'o, ireng karo ajar sablon kaos. Takon opo wae peralatan sablon, carane kepiye, praktek langsung barang. Kiro2 wis cukup, ireng karo Ajah pamit arep bali, mraktekke ilmu sablone

"Mas.. aku tak pamit sek yo.. Arep langsung praktek neng umah" Omong ireng neng mas O'o

"Yoo.. Cen apike langsung praktek. Kowe mau yo wis iso carane gawe. Seko nyampur bahan go gawe screen, sampe le nyablon. Nko nek ijeh bingung, ndene wae. Nek pas aku ntok order kaos, kowe yo iso mbantu."

"Iyo mas.. Nganu mas.. tuku alat2 sablon karo kaos polosane neng ndi yo mas??" Takon ireng

"Nek alat2 sablon, kae, neng wetan Plengkung Gading, lor dalan po neng wetan alun-alun kraton, lor dalan. Mejo rasah tuku. Go mejo biasa ae terus di nei lampu neon dewe. Nek kaos polosan, neng daerah pasar Ngasem yo okeh. Po nek urak neng kulon Jokteng Wetan lor dalan kae yo ono." Omong Mas O'o

"Woke mas.. Saki tak bali sek mas, sisan mampir tuku alat2 sablon karo kaos polosane."

"Matur nyuwun sanget lho mas ilmune" Omong ireng

"Yoo..podo2 reng" Omong Mas O'o

Ireng karo Ajah langsung mampir neng toko peralatan sablon karo tuku kaos polosan 2. Neng umah, ireng karo Ajah langsung praktek.

"Piye..wis dadi durung gawe skrine?" Takon ireng neng ajah

"Wis..wis garing barang og. Lha kowe wis dadi le ngedit gambar sek arep disablon?" Jawab Ajah karo takon neng ireng

"Wis.. Nek ngono, ayo mulai. Lampu, koco karo mejo wis siap" Omong ireng

Karo ditinggal madang, udud, ngobrol, nyiapke tinta sablon, akhire skrin wis siap, tinggal nyablone. Kaos wis rapi siap disablon. Tinta sablon yo wis urak sabar jaluk ge ndan gnempel neng kaos. Rakel barang yo wis siap. Ireng karo Ajah gotong royong mulai nyablon kaos. Berhubung nembe ajar, gambare mung sederhana karo sablone mung 2 warna, abu-abu karo abang. Ireng sek nyablon, Ajah sek nggoceki skrin ben urak ngalor ngidul. Akhire 1 kaos sablon gawean dewe wis dadi. Seneng banget si Ireng karo Ajah ale mimpi ngganggo kaos gawan dewe terwujud. Kaossek wis dadi mau urak di pe mung di angin-anginke wae. Let sedelo, kaos sek ke loro yo dadi. Langsung diangin-anginke.

"Wahh..akhire kaos gawean dewe dadi yo reng. Aku urak sabar i arep ngganggo." Omong Ajah

"Hu.. uh.. Aku yo urak sabar. Cobo ket biyen yo. awak dewe le nggawe" Omong ireng

"Lha kowe barang kok yo.. mung ngomong thok" Omong Ajah

"Iyoo.. tapi nek saki kan urak..hehehehee.." Omong ireng karo ngguyu

"Yupp.. Nggo ngreyen kaos anyar, nko bengi jalan-jalan neng malioboro karo muter2 Jogja yo.." Omong Ajah.

"Woke masdap.. Nek ngono saki turu ae sek.. Kesel tenane.." Omong Ireng.

"Hu uh.. kesel karo ngantuk.. Mugo2 ae mimpi nggo kaos anyar made in ireng ajah yo..reng" Omong ireng

"Sipp..moga-moga ae.." Jawab ireng

Akhire si ireng karo ajah turu karo mesam mesem saking senenge iso gawe kaos dewe.


Tamat

+++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++++


Note :
- Based on true story si empunya blog dengan ditambahi cerita tambahan biar ceritanya lebih manis seperti si ireng_(manis)_ajah, hohohohohohooo...

** bukan si ireng_(manis)_ajah jembatan Ancol **

- Beberapa kaos made in ireng_ajah dapat sobat liat dipostingan ini

- Postingan ini untuk mengikuti kontes seo Stop Dreaming Start Action yang diadakan oleh pak Joko Susilo

No comments:

Post a Comment